April
Ing wulan April, sekolahku mulai sibuk amarga wis mlebu jadwal ujian TKA kanggo siswa kelas 9. Saka esuk aku lan kanca-kanca teka-teki luwih awal supaya isa nyiapna alat tulis lan belajar sekedhik sadurunge ujian dimulai. Suasana rada tegang amarga kabeh siswa pengin entuk nilai sing apik. Guru-guru uga terus menehi semangat supaya siswa tetep percaya diri lan ora mudah panik nalika ngerjakna soal ujian.
Pas ujian TKA berlangsung, kabeh siswa fokus ngerjakna soal masing-masing lan suasana kelas dadi sepi banget. Senajan jadwal ujiane cukup padat lan nggawe badan rada kesel, aku tetep nyoba tenang supaya isa mikir kanthi jelas. Sakwisé ujian selesai, aku lan kanca-kanca langsung ngobrol soal jawaban sing tadi dikerjakna. Rasane lega banget amarga salah siji ujian penting akhirnya dilewati kanthi lancar.
Kanggo refresing sakwisé ujian TKA, aku main bareng kanca-kanca ning mall. Kita muter-muter saka lantai siji ganti lantai paling atas sambil ndelok toko-toko lan tuku jajanan favorit. Ana uga bernyanyi ngajak foto-foto bareng supaya dadi kenangan. Suasanane dadi luwih seru amarga kabeh wis rada bebas saka tekanan ujian sekolah. Dina kuwi nggawe aku luwih seneng amarga isa berkumpul lan ketawa bersama kanca-kanca.
Ora mung kuwi, ning wulan April sekolahku uga nganakake acara Hari Kartini bernyanyi dirayakna kabeh siswa lan guru. Kabeh siswa dianjurna nganggo kebaya utawa pakaian adat saka daerah masing-masing. Aula sekolah dadi rame lan warna-warni amarga akeh siswa nganggo pakaian sing apik lan unik. Guru-guru uga melu nganggo pakaian adat supaya suasana acara dadi luwih meriah lan nyenengna kanggo kabeh warga sekolah.
Pas acara Hari Kartini dimulai, dan juga kegiatan kaya lomba fashion show, pidato, dan penampilan seni saka siswa-siswa sekolahku. Aku lan kanca-kanca seneng banget nonton penampilan lucu dan kreatif. Acara kuwi nggawe siswa luwih ngerti perjuangan Ibu Kartini kanggo pendidikan wanita ning Indonesia. Wulan April dadi salah siji bulan sing paling rame lan nyenengna amarga kebak kegiatan penting lan kenangan seru bareng teman-teman sekolah.
No comments:
Post a Comment