Tuesday, May 19, 2026

FEBRUARI'26

 Februari

Ing wulan Februari, sekolahku nganakake akeh kegiatan sing seru lan nggawe kenangan kanggo siswa kelas 9. Salah sijiné yaiku acara foto pelepasan saka eskul. Saben anggota eskul nganggo atribut lan seragam masing-masing supaya hasil fotone katon kompak lan apik. Saka esuk area sekolah wis rame karo siswa sing padha nyiapna properti lan saling mbenerna penampilan. Aku lan kanca-kanca uga padha semangat amarga acara kuwi dadi salah siji kenangan terakhir bareng eskul sadurunge lulus sekolah.

Nalika giliran eskulku foto, aku lan kanca-kanca padha rame dhewe amarga akeh sing nggawe gaya lucu lan saling guyon. Ana sing salah posisi nganti nggawe kabeh ketawa, ana uga sing terus mbenerna rambut lan seragam supaya katon luwih rapi. Fotograferé nganti bola-bali nyuruh kabeh siswa supaya tenang lan ndelok kamera. Senajan cuacane rada panas lan nggawe kesel, kabeh tetep semangat supaya hasil fotone bagus lan isa dadi kenang-kenangan sing apik kanggo masa SMP.

Sakwisé foto pelepasan selesai, aku lan kanca-kanca padha ngobrol lan foto-foto maneh nganggo HP kanggo kenang-kenangan pribadi. Akeh sing ngomong sedih amarga sebentar maneh wis lulus lan mungkin ora isa kumpul saben dina kaya biasane. Kita uga padha cerita soal pengalaman lucu wektu melu eskul saka kelas 7 nganti kelas 9. Suasanane campur antara seneng lan sedih amarga wis ngalami akeh pengalaman bareng selama sekolah lan saiki waktune mulai pisah kanggo nerusna sekolah masing-masing.

Ning wulan Februari kuwi, sekolahku uga nganakake flashmob kanggo angkatan 26. Saka sawetara dina sadurunge, siswa wis latihan gerakan bareng-bareng ning lapangan sekolah nalika jam kosong utawa sakwisé pelajaran selesai. Musiké rame lan nggawe suasana sekolah dadi luwih semangat lan nyenengna. Senajan latihané cukup capek amarga kudu ngapalna gerakan sing akeh, kabeh siswa tetep latihan kanthi serius supaya pas tampil isa kompak lan percaya diri ning depan guru lan siswa liyane.

Pas hari pelaksanaan flashmob, kabeh siswa tampil kompak lan percaya diri ning tengah lapangan sekolah. Guru-guru uga akeh sing nonton lan ngrekam penampilan kita nganggo HP amarga flashmob kuwi katon rame lan seru banget. Aku seneng banget amarga kegiatan kuwi dadi pengalaman sing nyenengna lan nggawe angkatan 26 luwih akrab lan kompak. Wulan Februari dadi salah siji bulan sing paling berkesan kanggo aku amarga ana akeh kegiatan sekolah sing nggawe kenangan seru bareng kanca-kanca.

No comments:

Post a Comment

MEI'26

 Mei Ing wulan Mei iki, sekolahku mulai sibuk maneh amarga ana PAS kanggo siswa kelas 9. Saben dina aku lan kanca-kanca tetep semangat mangk...