Januari
Ing wulan Januari, sekolahku nduweni akeh kegiatan sing nyenengna lan nggawe kenangan kanggo siswa kelas 9. Salah sijiné yaiku foto ijazah sing dianakake ning aula sekolah. Saka esuk aula sekolah wis rame karo siswa sing padha dandan lan nganggo seragam paling rapi. Aku lan kanca-kanca uga padha saling mbenerna dasi lan kerudung supaya hasil fotone luwih apik. Nalika giliran foto dimulai, akeh siswa sing katon grogi amarga pengin hasil fotone bagus kanggo kenang-kenangan sekolah. Fotograferé uga terus nyuruh siswa supaya mesem lan ndelok kamera kanthi bener supaya hasil potreté luwih rapi lan apik.
Sakwisé kegiatan foto ijazah selesai, sekolahku uga nganakake acara Maulid Nabi ning aula sekolah. Aula dihias nganggo dekorasi sederhana warna ijo putih lan tulisan sholawat sing nggawe suasana dadi luwih adem lan nyaman. Kabeh siswa nganggo pakaian muslim sing rapi banjur acara dimulai karo maca sholawat bareng-bareng. Aku lungguh bareng kanca-kanca sambil ngrungokna ceramah saka ustaz sing nerangna tentang akhlak Nabi Muhammad SAW lan pentingé sopan santun ning kehidupan saben dina. Akeh siswa sing ngrungokna kanthi tenang amarga isi ceramahé gampang dipahami lan ana uga sing nyatet bagian penting saka penjelasan ustaz kuwi.
Nalika acara Maulid Nabi berlangsung, ana uga penampilan hadroh saka siswa sekolahku sing nggawe suasana dadi luwih rame lan nyenengna. Swara tabuhan hadroh lan sholawat nggawe aula sekolah dadi luwih hidup lan meriah. Aku lan kanca-kanca seneng banget nonton penampilan kuwi amarga para pemainé tampil kompak lan percaya diri. Sakwisé penampilan selesai, guru-guru menehi tepuk tangan kanggo siswa sing wis tampil apik ning depan kabeh warga sekolah. Acara kuwi nggawe aku luwih semangat kanggo melu kegiatan sekolah lan luwih ngerti pentingé menghormati sesama teman lan guru.
Ora mung kuwi, ning wulan Januari sekolahku uga nganakake pemilihan ketua PMR anyar. Ning acara kuwi aku dadi panitia, dadi aku kudu teka luwih awal kanggo nyiapna kursi, meja, lan perlengkapan voting liyane. Aku kebagian tugas nyatet hasil suara lan ngatur jalannya pemilihan supaya tetep tertib lan lancar. Para calon ketua PMR maju siji-siji kanggo ngenalna visi lan misine ning depan siswa liyane. Kabeh siswa katon serius ngrungokna penjelasan saka calon ketua PMR amarga pengin milih pemimpin sing paling cocok lan tanggung jawab.
Pas penghitungan suara selesai, ketua PMR anyar akhiré kepilih lan kabeh siswa padha tepuk tangan kanthi rame. Aku seneng banget amarga kabeh kegiatan ning wulan Januari berjalan lancar lan dadi pengalaman sing seru bareng kanca-kanca sekolah. Senajan rada kesel amarga akeh kegiatan, aku tetep seneng amarga isa melu langsung ning acara-acara penting sekolah. Wulan Januari dadi salah siji bulan sing paling berkesan kanggo aku amarga ana akeh pengalaman anyar, kenangan seru, lan kebersamaan sing nggawe hubungan karo kanca-kanca dadi luwih akrab.
No comments:
Post a Comment